Puisi : Jaman Sangsaya Pikun

·

·

Jaman Sangsaya Pikun
Tirta Nursari

 

Donya sangsaya pikun
Nom-noman kelangan pandom
Sajrone wana pindha Cakil
Pethenthang-pethentheng
Gawa curiga ligan
Sadawane marga tan beda klithih
Geber motor knalpot dibrom
Sajak sekti tanpa tanding
Tan eling sadhuwure langit ana langit

Para mudha mesthine sinau
Gulawenthah dhiri supaya dadi generasi emas
Ora mung dadi generasi stroberi
Kang ayu utawa gantheng
nanging gampang bosok
dadi mangsane uler sartane singgat

Iki jaman sangsaya gemblung
Apa gurit klawu pantes sinambung?

 

Bergas Lor, 3O Desember 2024

 

 

 

Nalika Kekayon Kinemulan Pedhut

Tirta Nursari

 

Pedhut tumiyung
Pasuryan aclum
Netra surem
Luh angembun pepajar

Bantala nandhang dhuhkita
Blencong kelangan sunar abyore
Polahe kekayon sangsaya mandheg mangu
Ngadeg miring, malang sungsang, ngetan ngulon
Urip tanpa paugeran

Duh, Gusti, amba nyuwun pitedah
Punapa ingkang sampun dumados wonten ing praja punika?

Tancep kayon

 

Bergas, 2 Oktober 2024


Layanan Prioritas
Kelompok Rentan

Helpdesk
Kemdikbud